Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:31 - Kitab Sutji

31 sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:31
14 Iomraidhean Croise  

Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;


Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat, Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!


Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.


Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,


iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.


Iku kabeh kang wus didum-dumake dening Nabi Musa minangka tanah-pusakane nalika ana ing tanah ngare ing Moab, ing sawetane bengawan Yarden, ing sacedhake Yerikho.


Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.


Amarga turune Manasye kang wadon padha melu oleh tanah-pusaka ana ing satengahe anak lanang; dene tanah Gilead wus tumiba ing turune Manasye kang lanang liyane.


saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.


Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.


Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden, dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau? Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara, meneng bae ana ing teluk-teluke.


Nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, unjuke: Kawula sampun sami nglampahi dosa, amargi kawula sami nyingkur Sang Yehuwah lan ngabekti dhateng para Baal lan para Asytoret; sapunika kawula mugi sami Paduka luwari saking tanganipun mengsah kawula, kawula lajeng badhe ngabekti dhumateng Paduka.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan