YUSAK 13:3 - Kitab Sutji3 wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi Faic an caibideil |
Para panggedhening wong Filisti tumuli manggihi Dhelila lan ngandika mangkene: “Coba glembuken nganti bisa koksumurupi apa kang marakake karosane linuwih iku lan kapriye anggonku bisa ngesorake lan mbanda dheweke, supaya kenaa daktelukake. Aku iki siji-sijine bakal ngwenehi opah kowe sewu satus dhuwit selaka.”
Wong-wong mau nuli takon: “Tebusaning kalepatan, ingkang kedah kula caosaken punika punapa?” Wangsulane: “Sami kaliyan cacahipun ratu-kitha ing Filisti, wudun emas gangsal, tuwin tikus emas gangsal, awit ingkang tumempuh dhateng panjenengan sadaya saha para ratu-kitha panjenengan punika kacilakan ingkang sami.