Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:29 - Kitab Sutji

29 Saparone taler Manasye, yaiku kulawangsane bani Manasye kang separo wus kaparingan dening nabi Musa, miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:29
10 Iomraidhean Croise  

Saparone suku Manasye manggon ing nagara kono wiwit saka ing tanah Basan nganti ing Baal-Hermon, Senir lan gunung Hermon. Cacah-jiwane banjur wus dadi akeh.


Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.


satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Makhir bin Manasye mau banjur diparingi tanah Gilead dening Nabi Musa sarta iya banjur dienggoni.


Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. – Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim –.


Iku tanah-pusakane wong bani Gad miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.


kang dadi dhaerahe: wiwit saka ing Mahanaim: satanah Basan kabeh, krajane Prabu Og kabeh, ratu ing nagara Basan, lan wewengkone Hawot-Yair kabeh, kang ana ing Basan kono, cacahe kuthane sawidak,


Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.


Amarga turune Manasye kang wadon padha melu oleh tanah-pusaka ana ing satengahe anak lanang; dene tanah Gilead wus tumiba ing turune Manasye kang lanang liyane.


Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan