Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:27 - Kitab Sutji

27 lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:27
14 Iomraidhean Croise  

Nanging Yakub banjur budhal menyang Sukot, ana ing kono yasa omah, lan raja-kayane digawekake kandhang-kandhang, mulane panggonan iku diarani Sukot.


Sang Prabu anggone dhawuh nyithak iku kabeh ana ing Lembah Yarden ing sajroning lemah lempung ing antarane Sukot lan Sartan.


Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)


“Nagari ing Astarot, Dibon, Yaezer, Nimra, Hesybon, Eleale, Sebam, Nebo saha ing Beon,


Bet-Nimra, Bet-Haran, padha kadadekake kutha santosa lan kanggo papaning kandhang-kandhang wedhus.


Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.


Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.


sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.


sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,


tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.


yaiku wiwit ing Hesybon tutug ing Ramat-Mizpa lan ing Betonim, sarta saka ing Mahanaim tutug ing tlatahe Debir,


Iku tanah-pusakane wong bani Gad miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan