Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, Sobi bin Nahas saka ing Raba, kuthane bani Amon, Makhir bin Amiel saka ing Lodebar, lan Barzilai, wong Gilead saka ing Rogelim, padha ngeteri kasur pasarean,
Sang Nata ing Israel ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha sumurup, manawa Ramot-Gilead iku satemene kita kang ndarbeni? Nanging kita kok meneng bae ora kita rebut saka ing tangane ratu ing nagara Aram.”
kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,
lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.
Apadene ing sabrange bengawan Yarden, ing sawetane kutha Yerikho kang kapilih: Bezer ing ara-ara samun ing tanah warata ing pagunungan, saka taler Ruben; banjur Ramot, ing tanah Gilead, saka taler Gad; sarta Golan ing tanah Basan, saka taler Manasye.
Sang Yefta dadine nyarengi lakune para tetuwane wong ing Gilead, banjur dijumenengake dening wong akeh dadi panggedhe lan tetindhihe. Nanging Sang Yefta banjur ngaturake sakehing prakarane ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ana ing Mizpa.
Ing kono Sang Yefta banjur katedhakan ing Rohe Pangeran Yehuwah, tumuli ngideri tanah Gilead lan Manasye, banjur nglangkungi Mizpa ing tanah Gilead lan saka ing Mizpa ing Gilead mau nuli tindak menyang ing dhaerahe bani Amon.