25 kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,
Ing nalikane gumantining taun ing mangsane para ratu padha nglurug perang, Sang Prabu Dawud ngutus Senapati Yoab mangsah sawadyabalane lan bala Israel kabeh. Banjur numpes bani Amon lan ngepung kutha Raba, dene Sang Prabu Dawud piyambak kantun ana ing Yerusalem.
Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.
Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.
Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma wus padha nglayung; para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsa wus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe, kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer lan mrambat tekan ing pasamunan; pang-pange pating tlolor tekan ing sabranging sagara.
Aku bakal nangisi kowe, ngluwihi anggonku nangisi Yaezer he wis anggur Sibma! Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara, nggedhabyah tekan ing Yaezer. Si pengrusak wus ambruk nibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.
Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba, kang mangsa kadhatone nganti entek, binarung ing suraking paprangan, lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara,
Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.
sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.
Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”
Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden, dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau? Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara, meneng bae ana ing teluk-teluke.