23 Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.
Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.
Adu wates karo wilayahe Efraim, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Ruben.
Uga juru tenung Bileam, bin Beor wus dipateni klawan pedhang dening wong Israel, bebarengan karo wong kang padha mati ketaman ing pedhange.
Taler Gad, yaiku bani Gad, wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe panduman iki: