Awitdene boten wonten japa-mantra ingkang saged tumama dhateng Yakub, utawi tenung ingkang saged tumama dhateng Israel. Dumugi ing wekdalipun, Yakub badhe dipun cariyosi, makaten ugi dhateng Israel, kaelokan ingkang katindakaken dening Gusti Allah.
Bareng Bileam ngreti yen anggone mberkahi marang Israel iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, mulane wus ora nindakake panenungan maneh kaya kang dhisik-dhisik, nanging tumuli madhep marang pasamunan.
Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”
Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.
Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.
Bilai wong-wong iku, sabab padha nulad lakune Kain lan nyemplung ing panasarane Bileam, marga saka mburu opah, sarta padha tumpes, marga saka anggone mbalela kayadene Korakh.
Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.
Ananging sira ana sawatara kang Sunwaoni; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulange Bileam, kang ngajani Balak supaya njlomprongake wong Israel, supaya padha mangana sesajene brahala sarta laku jina.