Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:20 - Kitab Sutji

20 Bet-Peor, peperenge gunung Pisga, lan Bet-Yerimot,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:20
8 Iomraidhean Croise  

awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.


Nalika Israel gegandhengan karo Baal-Peor, bebendune Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang Israel.


Anggone padha nginep ana ing sapinggire bengawan Yarden wiwit saka Bet-Yesimot tumeka ing Abel-Sitim ing tanah ngare ing Moab mau.


sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.


ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;


tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.


Kiryataim, Sibma, Zeret-Hasahar ana ing lembahe gunung iku,


sabanjure sakehe kutha ana ing tanah warata ing pagunungan lan satlatahe karajane Prabu Sihon; ratuning wong Amori, kang ngereh ing Hesybon, kang dikalahake Nabi Musa, uga para ratu ing Midian, yaiku Prabu Ewi, Prabu Rekem, Prabu Zur, Prabu Hur, lan Prabu Reba, para raja kalerehane Prabu Sihon, kang padha dedalem ana ing negara kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan