Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.
Amargi abdi dalem punika nalika taksih wonten ing Gesur, ing tanah Aram, gadhah nadar makaten: Manawa Yehuwah sanyata marengake aku mulih menyang Yerusalem, aku bakal ngabekti marang Sang Yehuwah.”
putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,
Anadene mungguh sira, he Tirus lan Sidon sarta sawewengkone Filisti, ana gegayutane apa karo Ingsun? Apa sira arep males pandamelingSun? Manawa sira nandukake apa bae marang Ingsun, kanthi dadakan anggoningSun bakal nampekake panggawenira iku marang sira dhewe.
Bilai kowe para wong kang manggon ing Dhaerah Pasisir Sagara, kowe bangsa Kreti! Pangandikane Pangeran Yehuwah marang kowe mangkene: He Kanaan, tanahe wong Filisti! Ingsun bakal ngrisak marang sira, nganti wong kang ngenggoni sira ora ana maneh.
Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.
wengkone ngacaki ing gunung Hermon, ing Salkha lan ing satanah Basan kabeh tutug ing dhaerahe wong Gesur lan wong Maakha, apadene saparone tanah Gilead tutug ing tlatahe Prabu Sihon, ratu ing Hesybon.
Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.
Iki pratelane bangsa-bangsa kang dilestarekake manggon dening sang Yehuwah prelu diagem nyoba marang Israel, yaiku sakehe wong Israel kang padha ora sumurup marang perang ing tanah Kanaan.
Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.