Tumrap Moab. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak! Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut! Kutha-beteng iku kawirangan lan giris!
awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.