Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero, swarane nganti keprungu tekan ing Yahas. Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh, nyawane gumeter.
Hesybon lan Eleale gembar-gembor, wong padha ngumbar swarane nganti tekan Yahas, saka Zoar tekan Horonaim lan Eglat-Selisia, amarga banyune kali Nimrim uga wus asat.
Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.
“Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:
Nanging Sang Prabu Sihon boten pitados dhateng tiyang Israel ingkang badhe lumampah nglangkungi tlatahipun punika malah lajeng ngempalaken wadya-balanipun sadaya. Panjenenganipun makuwon wonten ing Yahas, lajeng nempuh perang nglawan tiyang Israel.