Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:17 - Kitab Sutji

17 Hesybon dalah sakehe kutha wewengkone, kang kaprenah ing tanah warata ing pagunungan mau, yaiku: kutha Dibon, Bamot-Baal, Bet-Baal-Meon,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:17
17 Iomraidhean Croise  

lan Bela bin Azas bin Sema bin Yoel; iku kang manggon ana ing Aroer lan kang wilayahe nganti tekan ing Nebo lan Baal-Meon.


Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.


He putri ing Dibon kang wis suwe manggon ana ing kono, lengsera saka ing kaluhuranira lan lungguha ing tlethongan! Amarga juru pangrusak Moab wus mangsah nempuh sira, sarta nyirnakake panggonan-panggonanira kang ana balowartine.


Tanah lempar kang dhuwur wus padha katibanan paukuman, uga kutha-kuthane: Holon, Yahas, Mefaat,


Kiryataim, Bet-Gamul, Bet-Meon, Keriot, Bozra


Juru pangrusak bakal nekani saben kutha, ora ana kutha kang bisa oncat! Lebak bakal rinusak, tanah ngare sirna babar pisan, kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah.


awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.


saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,


Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.


Wong-wong mau padha daktamani gegaman, Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon, lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftali kang gumelar nganti tekan ing Medeba.”


Kacarita esuke Bileam kabekta munggah dening Sang Prabu Balak menyang ing pagunungan Baal; saka ing kono pungkasaning palerebane bangsa Israel bisa katon.


Nebo, Baal Meon, Masabot-Sem lan Sibma, sarta kutha-kutha kang kabangun iku padha disalini jenenge.


tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;


Yahas, Kedemot, Mefaat,


Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.


Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”


Sampun antawis tigang atus taun tiyang Israel anggenipun sami manggen wonten ing Hesybon sawewengkonipun, kaliyan ing Aroer sawewengkonipun, tuwin wonten ing sakathahipun kitha ing sakiwa-tengenipun lepen Arnon, punapaa dene kitha wau boten panjenengan dalem rebat kala samanten?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan