Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:16 - Kitab Sutji

16 tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:16
18 Iomraidhean Croise  

Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.


Kang disewa kreta telung puluhloro ewu sarta ratu ing nagara Maakha sawadya-balane, kang banjur padha budhal lan makuwon ing sacedhake Medeba. Uga bani Amon padha nglumpuk saka ing kutha-kuthane lan bakal perang.


Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero, swarane nganti keprungu tekan ing Yahas. Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh, nyawane gumeter.


Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.


“Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;


Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,


Talere bani Ruben iku wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:


Hesybon dalah sakehe kutha wewengkone, kang kaprenah ing tanah warata ing pagunungan mau, yaiku: kutha Dibon, Bamot-Baal, Bet-Baal-Meon,


yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,


Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.


Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”


Sampun antawis tigang atus taun tiyang Israel anggenipun sami manggen wonten ing Hesybon sawewengkonipun, kaliyan ing Aroer sawewengkonipun, tuwin wonten ing sakathahipun kitha ing sakiwa-tengenipun lepen Arnon, punapaa dene kitha wau boten panjenengan dalem rebat kala samanten?


kang ana ing Aroer, ing Sifmot, ing Estemoa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan