13 Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.
Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.
putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,
Nanging manawa sira padha ora nundhungi wong bumi ing tanah iku saka ing ngarepira, masthi sapira panunggalane kang kari iku bakal padha dadi klilip ana ing mripatira, kaya eri kang nancep ing awakira, sarta bakal padha gawe susahira ana ing tanah kang sira enggoni iku.
Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.
wengkone ngacaki ing gunung Hermon, ing Salkha lan ing satanah Basan kabeh tutug ing dhaerahe wong Gesur lan wong Maakha, apadene saparone tanah Gilead tutug ing tlatahe Prabu Sihon, ratu ing Hesybon.
iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.
Mung taler Lewi kang ora kaparingan tanah-pusaka, Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel, iku kang dadi pusaka darbeke, kaya kang wus dijanjekake marang dheweke kabeh.
Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.