YUSAK 13:1 - Kitab Sutji1 Bareng Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane, banjur dipangandikani Sang Yehuwah: “Sira wus tuwa, wus akeh umurira, sarta nagara kang durung sira ebeki iku isih akeh banget. Faic an caibideil |
Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.