Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 12:7 - Kitab Sutji

7 Iki pratelan bab para ratuning nagara kang padha dikalahake dening Senapati Yusak lan wong Israel ana ing sakulone bengawan Yarden, wiwit ing Baal-Gad ana ing lebaking gunung Libanon tutug ing pagunungan Gundhul, kang munggah ing penere Seir, nagara iki diparingake Sang Yusak marang para talere Israel minangka darbeke miturut pandumane dhewe-dhewe:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 12:7
16 Iomraidhean Croise  

lan bangsa Hori ing pagunungane Seir, nganti tekan ing El-Paran, kang kaprenah ana ing sapinggire pasamunan.


Sawuse iku Yakub tumuli kongkonan ndhisiki lakune nemoni Esap, kangmase, menyang tanah Seir jajahan Edom.


Iki anak-anake Seir wong Hori, wong bumi kono: Lotan, Syobal, Zibeon lan Ana.


golongan Disyon, golongan Ezer lan golongan Disyan. Iku mau para panggedhening golongane wong Hori miturut golongane ing tanah Seir.


Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.


Sihon, ratune bangsa Amori, Og, ratu ing nagara Basyan, lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,


“Sawuse mangkono kita padha budhal bali menyang pasamunan, metu ing dalan kang anjog ing sagara Teberau, kaya kang wus kadhawuhake Pangeran Yehuwah marang aku; karodene nganti kapara lawas anggon kita ngubengi pagunungan Seir.


sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;


Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.


Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan