Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 12:6 - Kitab Sutji

6 Iku wus padha dikalahake Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, karo wong Israel, lan tanah iku banjur diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang wong Ruben lan wong Gad lan saparone taler Manasye minangka darbeke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 12:6
11 Iomraidhean Croise  

Geber bin Uri ing tanah Gilead ngwasani tanahe Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan tanahe Sang Prabu Og, ratu ing Basan; mung siji iku kang dadi kepala-dhaerah kang ana ing tanah kono.


Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,


Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”


Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.


Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.


Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”


Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan