sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.
iya satlatahe karajane Prabu Og, ratu ing Basan, kang ngereh ing Asytarot lan ing Edrei, iku dhewe kang dadi kekarene wong Refaim, kang wus padha dikalahake lan ditundhung dening Nabi Musa.
sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.