Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.
Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane: