Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 12:1 - Kitab Sutji

1 Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 12:1
24 Iomraidhean Croise  

Geber bin Uri ing tanah Gilead ngwasani tanahe Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan tanahe Sang Prabu Og, ratu ing Basan; mung siji iku kang dadi kepala-dhaerah kang ana ing tanah kono.


Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.


Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane.


Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.


Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.


Sawuse budhal saka ing kono, banjur padha nginep ana ing sabrange kali Arnon, kang ana ing pasamunan, sarta kang metu saka ing tlatahe bangsa Amori; dene kali Arnon iku dadi tapel-watese tanah Moab, kaprenah ana ing antarane bangsa Moab lan bangsa Amori.


Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:


Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.


awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”


Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”


Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.


Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.


Sawuse mangkono Prabu Sihon sabalane kabeh banjur methukake kita, perang karo kita ana ing sacedhake Yahas,


“Kita banjur menggok lan lumaku ngener marang tanah Basan; Prabu Og, ratu ing Basan, nuli methukake kita lan perang nglawan kita dalah wadya balane kabeh ana ing Edrei.


Iki angger-angger Toret kang digelarake dening Nabi Musa marang wong Israel.


ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;


Wiwit saka ing Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon tekan ing gunung Siryon, yaiku gunung Hermon,


nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”


Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.


yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.


Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,


Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.


Sasampunipun tumunten lumampah wonten ing ara-ara samun, ngubengi tanahipun tiyang Edom kaliyan tiyang Moab wau, ngantos dumugi ing sawetanipun tanah Moab, lajeng sami makuwon wonten ing sabrangipun lepen Arnon, boten ngantos sami ngancik ing tlatah Moab, awit lepen Arnon punika ingkang dados tapel-watesipun tanah Moab.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan