Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:9 - Kitab Sutji

9 padha dipatrapi dening Senapati Yusak kaya dene anggone wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: jarane padha dikenceti lan karetane perang padha diobongi ing geni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:9
6 Iomraidhean Croise  

Nyawaku aja nganti katut ing pasarujukane, atiku aja kelu marang paguyubane, awitdene saka nepsune, nganti padha mateni wong lan saka kamurkane padha ngethoki ototing dhengkule sapi.


Prabu Dawud nawan saka bangsa iku wong sewu pitung atus, wadya-bala jaranan, lan rong puluh ewu wadyabala dharatan; Prabu Dawud dhawuh ngenceti jaran kang nggered kareta, mung jaran satus kang dikarekake.


kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni.


Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”


Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan