Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:8 - Kitab Sutji

8 iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:8
13 Iomraidhean Croise  

Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,


Zebulon bakal manggon ana ing pinggir sagara, bakal dadi pelabuhaning prau, tapel watese ing tlatahe Sidon.


Banjur padha tekan ing Gilead lan Kadesy ing nagarane wong Het. Sabanjure padha menyang ing Dhan lan saka ing kono menggok ngener menyang Sidon.


Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara, betenge sagara, celathu mangkene: “Aku ora tau uwat lan ora tau manak, aku ora tau nggulawenthah jejaka lan ora tau ngopeni prawan-prawan.”


uga Hamat, kang adu wates karo Damsyik mau, sarta Tirus lan Sidon, sanadyan iku padha wicaksana banget.


sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, – mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani –


yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.


Senapati Yusak sabalane kabeh tumuli teka dumrojog nempuh mungsuh mau ana ing sacedhake sendhang Merom;


sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.


Banjur menyang ing Ebron, Rehob, Hamon lan Kana nganti tutug ing Sidon Gedhe.


Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan