5 Para ratu mau sawuse padha manunggal lan padha bebarengan masanggrahan ana ing sacedhake sendhang Merom bakal padha nempuh perang nglawan wong Israel.
Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa, padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh, padha sabukana, lan padha girisa! padha sakana lan padha girisa!
Ratu-ratu iku tumuli padha budhalan kerig sabalane, cacahe wadya-bala akeh banget, kaya wedhi ing pinggiring sagara, sarta bala jaranan lan kareta perang akeh banget.
Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”
Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.