Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:4 - Kitab Sutji

4 Ratu-ratu iku tumuli padha budhalan kerig sabalane, cacahe wadya-bala akeh banget, kaya wedhi ing pinggiring sagara, sarta bala jaranan lan kareta perang akeh banget.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:4
8 Iomraidhean Croise  

mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”


Pramila kula ngaturi pirembag, supados sakathahing tiyang wiwit saking Dhan dumugi ing Bersyeba sami kakerigna, kados pasir ing pinggir seganten kathahipun lan panjenengan piyambak ugi kedah nyarirani perang.


Wong Yehuda lan wong Israel iku kehe kaya wedhi ing pinggire sagara. Kabeh padha mangan lan ngombe sarta padha suka-suka pari suka.


Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane, nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.


Para ratu mau sawuse padha manunggal lan padha bebarengan masanggrahan ana ing sacedhake sendhang Merom bakal padha nempuh perang nglawan wong Israel.


Wong Midian lan wong Amalek tuwin wong sagolongane wong saka ing sisih wetan padha pating glimpang ana ing lebak, kehe kaya walang, lan untane tanpa wilangan kaya wedhi ing pinggiring sagara.


Anadene wong Filisti wis padha ngumpul nedya nglurugi perang nglawan bangsa Israel. Karetane perang telung ewu, bala jaranan nem ewu lan prajurit dharat kehe kaya wedhi ing pinggiring segara, nuli mangkat nglurug lan ngadegake kemah ana ing Mikhmas, ing sawetane Bet-Awen.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan