YUSAK 11:3 - Kitab Sutji3 yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa. Faic an caibideil |
Nalika malaekat ngagagake astane marang Yerusalem arep ditumpes, Sang Yehuwah kaduwung galihe marga kasangsaran iku, banjur ngandika marang malaekat kang nekakake karusakan tumrap bangsa iku: “Wis cukup samene bae! Tanganira undurna!” Nalika iku malaekate Sang Yehuwah ana ing sacedhake panutone Arauna wong Yebus.
Dene kula piyambak, kula manggen wonten ing Mizpa saha dados wakil wonten ing ngajengipun tiyang Kasdim, ingkang sami badhe ndhatengi kita; nanging panjenengan sadaya punika sami kula aturi ngempalaken piwedaling anggur, wowohan saha lisah, lajeng kasimpen minangka pasadhiyan, saha sami dedalem ing kitha-kitha, ingkang panjenengan karsakaken.”
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
Ing nalika samana wong Israel banjur padha ngucap mangkene: “Panunggalane sakehing talere Israel sapa kang ora melu teka karo pasamuwan iki lan banjur seba ing ngarsane Sang Yehuwah?” Amarga wus padha nglairake sumpah kang abot tumrap ing sadhengah wong kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Mizpa, mangkene anggone sumpah: “Wong iku ora kena ora mesthi kaukum pati!”