Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:23 - Kitab Sutji

23 Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:23
20 Iomraidhean Croise  

Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.


Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,


Nanging sira netepana prentahingSun marang sira ing dina iki. Lah Ingsun bakal nundhungi saka ngarepanira, wong Amori, wong Kanaan, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.”


Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.


Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”


Nganti suwe Senapati Yusak anggone perang nglawan ratu iku mau.


Iki pratelan bab para ratuning nagara kang padha dikalahake dening Senapati Yusak lan wong Israel ana ing sakulone bengawan Yarden, wiwit ing Baal-Gad ana ing lebaking gunung Libanon tutug ing pagunungan Gundhul, kang munggah ing penere Seir, nagara iki diparingake Sang Yusak marang para talere Israel minangka darbeke miturut pandumane dhewe-dhewe:


Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.


Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.


Sawuse antara lawas, ing nalikane Sang Yehuwah wus paring tentrem marang Israel, uwal saka sakehe mungsuhe ing sakubenge, lan nalika Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan