Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:22 - Kitab Sutji

22 Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:22
19 Iomraidhean Croise  

Nanging sawuse telung taun banjur kelakon ana bature Simei loro kang minggat menyang ing ngarsane Sang Prabu Akhis bin Maakha, ratu ing Gat; Simei nuli kawartanan: “Kauningana, abdi panjenengan kalih wonten ing Gat.”


Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur nggecak wong Filisti, temah padha disorake; nuli ngrebat Gat lan wewengkone kabeh saka ing tangane wong Filisti.


Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.


Sang Prabu nglurug perang nglawan wong Filisti lan nggempur tembok Gat, Yabne sarta Asdod, banjur ngedegake kutha-kutha ana ing sakubenge Asdod tuwin ing wilayahe wong Filisti liyane.


Ing taun nalika panggedhening wadya-bala kang diutus dening Sang Prabu Sargon, ratu ing Asyur, nglurugi perang lan ngrebut Asdod,


Nanging Sang Filipus jebul ana ing kutha Asdod, tindak nglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarake Injil ana ing kutha-kutha kono kabeh nganti tumeka ing kutha Kaisarea.


Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.


bangsa kang gedhe lan dhuwur dedeg-pangadege, wong Enak kang wus koksumurupi lan kokrungu kaloke: Sapa kang bisa menang karo wong Enak?


Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.


Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.


Wiwit saka Ekron nganti tutug ing sagara, sakehe panggonan sandhing Asdod lan desa-desane;


Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.


Sabanjure taler Yehuda ngrebut kutha Gaza sawewengkone lan Askelon sawewengkone, apadene Ekron sawewengkone.


Kang isih yaiku ratu kutha lelima ing tanah Filisti lan sakehe wong Kanaan, wong Sidon tuwin wong Hewi kang padha ngenggoni pagunungan Libanon, wiwit ing gunung Baal-Hermon tutug ing dalan kang menyang ing Hamat.


Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.


Sawise wong Filisti ngrebut pethine Gusti Allah, iku nuli diusung saka ing Eben-Haezer menyang ing Asdod.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan