Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:20 - Kitab Sutji

20 Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:20
24 Iomraidhean Croise  

Pangeran Absalom banjur ngandika lan sakehe wong Israel padha ngucap: “Pirembuge Husai, wong Arki iku, luwih becik tinimbang karo rembuge Akhitofel.” Amarga wus dadi karsane Sang Yehuwah, manawa pirembuge Akhitofel kang becik iku, diwurungake, supaya nekakake bilai marang Pangeran Absalom.


Dadine Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune rakyat, sabab bab iku pancen owah-owahan kang dikarsakake dening Pangeran Yehuwah, supaya Sang Yehuwah saged netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.


Gusti Allah wus nemtokake, manawa Sang Prabu Ahazia bakal seda ing wektu martuwi Sang Prabu Yoram; bareng Sang Prabu Ahazia rawuh, tumuli bebarengan karo Sang Prabu Yoram manggihi Sang Yehu, wayahe Sang Nimsi, kang wus dijebadi dening Pangeran Yehuwah, supaya panjenengane iku kang nyirnakake tedhake Sang Prabu Akhab.


Nalika nabi mau lagi matur, Sang Prabu Amazia ngandika: “Apa sira sundadekake juru pirembage Sang Nata? Menenga! Apa sira njaluk mati?” Nabi mau banjur kendel, nanging sawuse matur: “Kawula punika sumerep bilih Gusti Allah sampun mutus badhe nyirnakaken paduka, awit paduka sampun tumindak makaten, saha boten karsa midhangetaken dhateng rembag kawula.”


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.


Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.


Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir itu, temah banjur nututi wong Israel, nanging wong Israel lumaku terus kalawan katuntun dening asta kang luhur.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.


Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah wus supaos, pangandikane: “Sanyata kaya kang Sunkarsakake, iya mangkono bakal kelakone, lan kaya kang Sunrancang, iya mangkono bakal tumindake:


Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa, lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane; iku wus padha kadhewekake bakal katumpes lan kapasrahake supaya padha disembeleh.


Dadi Panjenengane maringi sih-piwelas marang sapa bae kang dikarsakake, lan Panjenengane mangkotake marang sapa bae kang dikarsakake.


Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


Nanging kang rama lan kang ibu padha ora mirsa, yen prakara iku saka pangrehe Pangeran Yehuwah; marga Sang Simson kudu golek dadakan nglawan wong Filisti. Awit ing wektu samana wong Filisti njajah wong Israel.


Manawa ana sawijining wong, kang duwe kaluputan marang wong liyane, Gusti Allah kang bakal ngadili, nanging manawa ana sawijining wong kang nglakoni dosa marang Sang Yehuwah, sapa kang bakal dadi pantarane?” Nanging pituture ramane iku ora dipaelu, amarga Sang Yehuwah arep mateni para wong iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan