YUSAK 11:2 - Kitab Sutji2 sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon, Faic an caibideil |
Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”
Nanging taler Manasye iya duwe dhaerah kang ana sajroning wilayahe Isakhar lan Asyer, iya iku: Bet-Sean dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, Yibleam dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, wong ing Dor sakutha-kuthane, wong En-Dor sakutha-kuthane, wong ing Taanakh sakutha-kuthane, apadene wong ing Megido sakutha-kuthane, dadi tlatah tengger telu iku.