17 Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.
padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.
“Sawuse mangkono kita padha budhal bali menyang pasamunan, metu ing dalan kang anjog ing sagara Teberau, kaya kang wus kadhawuhake Pangeran Yehuwah marang aku; karodene nganti kapara lawas anggon kita ngubengi pagunungan Seir.
pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.
Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.
Wiwit ing ara-ara samun lan ing gunung Libanon ing sisih kana tutug ing bengawan gedhe, yaiku bengawan Efrat, satlatahe wong Het kabeh lan tutug ing Segara Gedhe ing panggonan suruping srengenge, kabeh iku bakal dadi wewengkonira.
yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.
sabanjure nagarane wong Gebal lan kabeh tlatahe gunung Libanon ing sisih pletheking srengenge, saka ing Baal-Gad ing sikile gunung Hermon, nganti tutug ing dalan kang menyang ing Harmat;