Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 11:16 - Kitab Sutji

16 Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb kabeh, ing tanah Gosyen kabeh, Dhaerah Pagunungan, Lebak Araba-Yordan lan Pagunungan Israel dalah tanah ngarene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 11:16
16 Iomraidhean Croise  

Padha diparingi negarane para bangsa, temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa,


para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.


iku bakal Suntanem ing gununge Israel kang dhuwur, supaya bisa ngepang-ngepang lan awoh sarta dadi wit eres kang ngedab-edabi; sakehing jinis manuk lan kang mawa wulu tuwin swiwi padha manggon ing sangisore, padha ngayom ing sangisoring pang-pange.


Anadene sira, gunung-gununge Israel, bakal metu trubusira maneh lan bakal metokake woh kanggo umatingSun Israel, marga bakal enggal padha bali.


padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.


Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.


Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikakake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.


sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,


Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.


ing Pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Araba-Yordan, ing peperenging gunung, ing ara-ara samun lan ing tanah Negeb, yaiku ing nagarane wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus –:


Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan