14 Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.
Sang Prabu Yosafat sawadya-balane nuli mandhap lan njarah-rayah barang-barange. Padha oleh raja-kaya, raja-brana, sandhangan lan barang-barang kang pengaji. Kang kajarah iku kehe ngluwihi kang bisa digawa. Telung dina suwene anggone padha njarah-rayah barang-barang mau, marga saka akehe.
Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;
mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.
Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,
Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
Kabeh kang urip ana ing kutha mau dipateni klawan landheping pedhang, wong-wong ing kono padha katumpes. Kabeh kang ambekan ora ana kang diuripi siji-sijia, dene Hazor diobong.
Nanging sakehing kutha kang kaprenah ana ing tetengger iku padha ora diobongi dening wong Israel, kajaba mung Hazor dhewe iku kang diobong dening Senapati Yusak.
Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikakake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.
Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”
Mung rajakaya lan barang-barang isining kutha iku padha dijarah wong Israel, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kadhawuhake marang Senapati Yusak.