13 Nanging sakehing kutha kang kaprenah ana ing tetengger iku padha ora diobongi dening wong Israel, kajaba mung Hazor dhewe iku kang diobong dening Senapati Yusak.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub, lan melasi papan-papan panggonane; kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane, lan kratone bakal ngadeg ana ing panggonane lawas.
Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.
Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.
Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi nagara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa, lan kutha-kutha kang ora sira degake, nanging sira kang padha ngenggoni, apadene pakebonan anggur lan wit jaitun kang ora sira tandur, nanging sira kang padha mangan wohe.