YUSAK 11:12 - Kitab Sutji12 Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah. Faic an caibideil |
Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.
kaya kang wus didhawuhake dening Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang wong Israel, iya kaya kang wus tinulisan ana ing Kitab Torete Nabi Musa; misbyah iku kang digawe watu wutuhan, kang ora kagepok ing piranti wesi apa bae; wong-wong banjur padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kono, sarta padha ngurbanake kurban slametan.
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.