1 Bareng Prabu Yabin, ratu ing nagara Hazor midhanget bab lelakon iku mau, banjur utusan marang Prabu Yobab, ratu ing Madon, marang ratu ing nagara Simron, marang ratu ing nagara Akhsaf,
Anadene anggone para wong nyangga karya kaklempakake dening Sang Prabu Suleman iku mangkene: Wong mau padha diklempakake kagem yasa padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhatoning Sang Prabu, beteng Milo lan temboke kutha Yerusalem sarta uga didhawuhi nyantosani kutha Hazor, Megido lan Gezer –
Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.
Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!
Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.
Ing waktu samana Senapati Yusak tumuli wangsul, mbedhah kutha Hazor lan ratune disedani klawan pedhang. Amarga Hazor iku maune kang pinunjul dhewe saka ing antarane sakehing karajan.
Nanging Senapati Sisera anggone keplajeng kalawan dharat mau menyang ing kemahe Ibu Yael, garwane Sang Heber, wong Keni, amarga Prabu Yabin, ratu ing Hasor iku rukun karo kulawangsane Sang Heber, wong Keni mau.
Tumuli padha dipasrahake Sang Yehuwah marang ing astane Prabu Yabin, ratu ing Kanaan, kang ngasta paprentahan ing Hasor, Senapatine jejuluk Sang Sisera, kang dedalem ana ing Haroset-Hagoyim.
Para ratu padha nglurug lan nempuh perang, ing wektu iku para ratu ing Kanaan padha perang, ana ing sacedhake Taanakh ing sumbering kali Megidho, nanging padha ora oleh jarahan selaka.