8 Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Yusak: “Sira aja wedi marang wong iku, uger iku wus padha Sunulungake ing tanganira, temah ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepira.”
Nanging dumadakan ana nabi kang sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikaning Yehuwah: Apa sira wus ndeleng sakehing wong kang padha rame-rame iku? Lah ing dina iki iku bakal padha Sunulungake ing tanganira, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja wedi karo wong iku, marga iku bakal Sunulungake marang tanganira, dalah wadya-balane kabeh apadene nagarane, sira tandukana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon, ratune bangsa Amori kang manggon ing Hesybon.
Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.
Senapati Yusak banjur ngandika maneh: “Aja padha wedi lan aja kekes atimu, padha disantosa lan diteguh atimu, amarga kaya mangkene iki bakal pandamele Sang Yehuwah marang sakehe mungsuhmu kang padha koklawan perang.”
Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”
Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi lan semplah atinira, sakehe bala gawanen, tumuli samektaa, ngluruga menyang ing kutha Ai. Kawruhana, ratu ing Ai dalah para kawulane, kuthane lan nagarane padha Sunulungake ing tanganira.
Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”