Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:6 - Kitab Sutji

6 Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:6
14 Iomraidhean Croise  

Kuldine tumuli diabah-abahi lan bature diprentahi: “Kuldine tuntunen lan lakokna kang rikat sarta sajrone lumaku aja nganggo mandheg, manawa ora dakkon.”


Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase.


Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita.


Tiyang Amalek ingkang ngenggeni tanah Negeb, tiyang Het, tiyang Yebus lan tiyang Amori sami manggen ing pareden, wondene tiyang Kanaan manggen ing sauruting pasisir lan sauruting benawi Yarden.”


Nalika samana Maryam banjur enggal-enggal mangkat menyang kutha ing pagunungan tanah Yehuda.


Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.


Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.


Senapati Yusak banjur bidhal saka ing Gilgal, panjenengane lan wadya-bala kabeh, kabeh padha wong prawira lan gagah prakosa.


iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, – Arba iku leluhure suku Enak, – ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;


Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.


Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.


Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”


Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan