YUSAK 10:5 - Kitab Sutji5 Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang. Faic an caibideil |
Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”