Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:42 - Kitab Sutji

42 Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:42
14 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.


“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”


Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing, Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.


wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye. Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.


Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”


Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira, mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira, tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.


marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan