Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:41 - Kitab Sutji

41 Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:41
19 Iomraidhean Croise  

Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.


Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”


Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.


tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.


Kaya mangkono iku uga kang ditindakake dening para leluhurmu, nalika padha dakkongkon saka ing Kadesy-Barnea nelik tanah iku,


Saka ing kono tapel-watese tanahira menggok ing sakidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus tekan ing Zin, lan pantoge ana ing sakidule Kadesy-Barnea, banjur terus menyang ing Hazar-Adar, lan terus nganti tekan ing Azmon.


Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.


Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.


Nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang bangsa Israel, Senapati Yusak munjuk marang Sang Yehuwah ing nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang wong Israel; panjenengane banjur ngandika ana ing ngarepe bangsa Israel: “He srengenge, mandhega ana ing dhuwur Gibeon, lan kowe rembulan, ana ing dhuwur lebak Ayalon!”


temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.


Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb kabeh, ing tanah Gosyen kabeh, Dhaerah Pagunungan, Lebak Araba-Yordan lan Pagunungan Israel dalah tanah ngarene.


Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.


Gosyen, Holon, lan Gilo: kutha sewelas karo desa-desa wewengkone;


Nuju ing sawijining dina Sang Simson tindak menyang ing Gaza; nalika ana ing kono mirsani sawenehing wong wadon tuna-susila, nuli dipurugi.


Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.


Dene pepethaning wudun emas kang disaosake wong Filisti marang Sang Yehuwah minangka tebusaning kaluputan: saka Asdod siji, saka Gaza siji, saka Askelon siji, saka Gat siji, saka Ekron siji.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan