YUSAK 10:40 - Kitab Sutji40 Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Faic an caibideil |
Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.