Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:39 - Kitab Sutji

39 nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:39
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Yehu banjur mejahi sakehe kekarene brayate Sang Prabu Akhab kang ana ing Yizreel, uga sakehe panggedhene, para abdine kang dipitados lan para imame; ora ana siji bae kang dilestarekake urip dening Sang Prabu Yehu.


Bani Yakub bakal dadi geni, bani Yusuf urubing genine dene bani Esap tunggakaning gandum; nuli bakal kaobong lan kamangsa nganti entek, tuwin turune Esap ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, awit Pangeran Yehuwah kang ngandika mangkono.


Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.


Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.


Senapati Yusak banjur wangsul menyang ing kutha Debir, kadherekake wong Israel kabeh, kutha iku uga tinempuh ing perang,


Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat


ratu ing nagara Debir siji, ratu ing nagara Geder siji,


Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”


Sang Prabu Agag, ratu ing Amalek dicepeng isih gesang, nanging balane kabeh padha katumpes klawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan