Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.
nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.