35 Bareng sedina iku uga kuthane wus bedhah, lan digecak klawan landheping pedhang, sakehe wong kang ana ing kono padha dipateni bareng sedina iku uga, padha kaya kang katandukake marang kutha Lakhis.
Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.
Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.
Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur nglurug saka ing kutha Eglon menyang ing kutha Hebron, kadherekake dening wong Israel kabeh, kutha iku tumuli ditempuh ing prang.
Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.