34 Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.
Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:
Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.
Bareng sedina iku uga kuthane wus bedhah, lan digecak klawan landheping pedhang, sakehe wong kang ana ing kono padha dipateni bareng sedina iku uga, padha kaya kang katandukake marang kutha Lakhis.