33 Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.
Sang Prabu Dawud iya banjur tumindhak mengkono, yaiku kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, temah bisa nggepuk bala Filisti, nganti kasoran, wiwit saka ing Geba tutug ing cedhake Gezer.
Sawuse mangkono tuwuh peperangan nglawan wong Filisti ana ing Gezer; ing nalika iku Sibkhai, wong ing Husa, mateni Sipai, panunggalane wong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi, iku padha ditelukake.
Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.
Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.
banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.