Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:31 - Kitab Sutji

31 Senapati Yusak tumuli nglajengake tindake saka ing Libna menyang ing Lakhis, kadherekake wong Israel kabeh, kuthane iku banjur dikepung lan ditempuh ing perang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:31
11 Iomraidhean Croise  

Ing Yerusalem ana wong kang padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, mulane Sang Prabu lolos menyang ing Lakhis, nanging wong-wong mau iya banjur kongkonan ngoyak menyang ing Lakhis. Sang Prabu nuli disedani ana ing kono,


Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.


Adoraim, Lakhis, Azeka,


Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.


He wong isine Lakhis, kretanira rakitana jaran teji. Iki kang dadi wiwitaning dosa tumrap putri ing Sion amarga sira kanggonan durakane Israel.


Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:


Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.


Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.


Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.


ratu ing nagara Yarmut siji, ratu ing nagara Lakhis siji,


Lakhis, Bozkat, Eglon,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan