Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:3 - Kitab Sutji

3 Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:3
19 Iomraidhean Croise  

Ibu Sara banjur seda ana ing Kiryat-Arba, yaiku Hebron ing tanah Kanaan. Rama Abraham tumuli lumebet lan ngadhuh-adhuh sarta muwuni Ibu Sara.


Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.


Prabu Dawud anggone ngereh tedhake Yehuda ana ing Hebron lawase pitu setengah taun.


Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.


Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.


Adoraim, Lakhis, Azeka,


nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.


He wong isine Lakhis, kretanira rakitana jaran teji. Iki kang dadi wiwitaning dosa tumrap putri ing Sion amarga sira kanggonan durakane Israel.


kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.


Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.


Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.


Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.


Humta, Kiryat-Arba, yaiku Hebron, lan Zior, kutha sanga karo desa-desane.


Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.


Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan