Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 10:29 - Kitab Sutji

29 Sawuse mangkono Senapati Yusak nglajengake pangluruge kadherekake dening wong Israel kabeh, saka ing kutha Makeda menyang ing Libna, banjur nempuh perang nglawan Libna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 10:29
14 Iomraidhean Croise  

Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.


Kaya mangkono anggone bangsa Edom mbalela lan banjur uwal saka ing pangwasane Yehuda nganti ing saiki. Sawuse iku Libna uga mbalela, iya dhek jaman samana iku.


Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.


Sang Prabu Zedhekia yuswa selikur taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sawelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putrane putri Sang Yeremia saka ing Libna.


Nuli budhal saka Rimon-Peres lan leren ana ing Libna.


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.


ratu ing nagara Libna siji, ratu ing nagara Adulam siji,


Tedhake Imam Harun iku padha diwenehi Hebron, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah sapangonane, Libna sapangonane,


Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.


Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan